MATERI BAHASA JAWA KELAS XI
SEMESTER II
BAB I
A. Musyawarah
Musyawarah iku kegiatan kanggo ngrembuk sawijining
babagan utawa perkara kanggo nggoleki solusi utawa cara ngrampungake perkara
iku. Tujuane musyawarah yaiku kanggo nggolek mupakat. Ana ing musyawarah, kabeh
anggotane entuk guneman lan menehi panemu (pendapat). Saka sakeheng panemu
kasebut banjur dirembuk maneh amrih becike. Sawise iku dijipuk dudutane utawa
kesimpulane minangka pasarujukan utawa mupakat.
Musyawarah bakal bisa lumaku kanthi becik menawa
kabih kang magepokan karo kegiyatan iku ngetrepi kewajibane dhewe-dhewe.
Adakane anane sawijine pawongan kang dadi suh, kang mranata lakune musyawarah.
Umpama ana ing rapat sering diarani moderator. Moderator iku kang bakal miwiti
kanthi ngandarake apa kang di rembug, mratitisake sapa kang kajibah ngudal
panemu, menehi kalodhangan marang kang nanggapi, lan kang pungkasan mesthi bae
nemtoake dudutan / simpulan.
B. Nyemak
pawarta
Ana sajeroning bebrayan ana tembung krungu,
ngrungokake, lan nyemak. Ketelune beda-beda tegese.
·
Krungu tegese proses kegiyatan nanpa swara
sing dilakoni kanthi ora sengaja utawa sederma kebeneran
Tuladha : Nalika aku sinau, aku krungu
barang tiba saka gendheng.
·
Ngrungokake
tegese proses kegiyatan nampa swara sing dilakoni kanthi sengaja, nanging
during ana unsure pemahaman.
Tuladha : Nalika aku sinau basa jawa, aku
krungu lagu karemenanku, sebanjure aku ngrungokake lagu kui, aku sinau maneh.
·
Nyemak tegese proses kegiyatan nyamak
lambing-lambang lisan kanthi nggatekna kang tumenen, paham, apresiatif, sarta
interpretasi antuk informasi, nangkep isi utawa pesen sarta paham tegese
babagan sing diomongake pambicara.
Tuladha : Aku mesthi nyamak piwulangan sing
diparengake guruku kanthi tumenen, sinambi nyatet bab-bab penting sing
diparingake.
à Jinising nyemak kaperang dadi loro,
yaiku :
a. Nyemak ekstensif
Tegese
proses nyemak ana bebrayan sabendinane. Kayata nyemak radio, televise,
pacelathon ning pasar.
Ana patang perangannyemak ekstensif :
1. Nyemak Sekunder, yaiku sing kedadiya sarana kebeneran.
Umpamane : lagi sinau bias ngrungokake wong omong, swara radio, tv, lsp.
2. Nyemak Sosial, yaiku nyemak sing ditindakake ana
bebrayan social. Kayata : pasar, terminal, kantor pos, lsp.
3. Nyemak Estetika / Apresiatif, yaiku kegiyatan nyemak
kanggo nikmati karya sastra. Kayata : nyemak puisi, cerita, syair lagu, lsp.
4. Nyemak Pasif, yaiku ngrungoake seng dilakoni kanti
tampa ana upaya sadar.
Kayata
nyemak basa dhaerah ngasi tekan bisa.
5. Nyemak IntensifTegese kegiatan nyemak sing di lakoni
kanthi tumenen lan konsentrasi sing dhuwur.
Cirri-ciri
nyemak intensif :
a. Nyemak kanthi pemahaman
b. Nyemak kanthi kebak konsetrasi
c. Nyemak paham basa formal
d. Diakhiri reproduksi hasil simakan
Jinising
nyemak intensif yaiku :
1. Nyemak kritis tegese :kegiatan nyemak sing dilakoni
kanti tumenen kanggo menehi biji kang objektif, nemtoake asli lan orane,
kaluwihan, lan kekurangan-kekurangangane.
2. Nyemak konsentratif, tegese : kegiatan nyemak sing
dilakoni kanthi permati,kanggo entuk pemahaman sing apik tumrap informasi sing
dirungoake.
Tujuan
nyemak konsentratif yaiku :
-
Manut
petunjuk-petunjuk / pituduh-pituduh (umpamane : pituduh ngisi formulir
pendaftaran.
-
Nggoleki
sesanbungane antar unsure sanjroneng nyemak.
-
Nggoleki
sesanbungane kuantitas lan kualitas sanjroneng komponen.
-
Nggoleki
informasi penting.
-
Nggoleki
urutan penyajian bahan semakan.
-
Nggoleki
gagasan utama.
3. Nyemak ekploratif, tegese kegiatan nyemak sing
dilakoni kanti permati kanggo entuk informasi anyar. Tejuane :
-
Nemokake
gagasan anyar.
-
Nemokake
informasi anyar lantambahan saka bidang tertentu.
-
Nyemak
kanggo nemokake topic-topik anyar sing bisa dikembangake.
-
Nemokake
unsure-unsurbahasa sing sifate penting.
4. Nyemak interogatif,tegese : kegiatan nyemak sing
duweni tujuan kanggo nggoleki informasi kanthi cara ngajokake pitakon-pitakon
sing diarahake tumraping entuk-entukaning informasi. Tejuane :
-
Kanggo
nggoleki fakta-fakta kasunyatan.
-
Nyemak
gagasan anyar.
-
Nyemak
kanggo entuk informasi sing disemak asli opo ora.
C. Nyemak musyawarah
Nyemak musyawarah iku kalebu nyemak intensif, yaiku
nyemak konsentratif. Topik sing dirembug ana sajroning musyawarah kuwi
beda-beda. Musyawarah dadi gayeng menawa taksih isih actual
Kanggo nggoleki informasi penting ana sajroning
musyawarah bisa nggunakake format ing ngisor iki :
1. Tema / topic
2. Paraga musyawarah
3. Isi musyawarah
a. Pambuka
b. Isi
c. Panutup
4. Simpulane
D. Kawruh
Sapala
1. Rura Basa
Rura basa yaiku rakitaning tembung kang luput, nanging
wis umum utawa lumrah di gunakake ing masyarakat. Mula rura basa uga diarani
tembung-tembung kang salah kaprah.
Tuladha :
-
Kelan lodeh,
tegese
: nggodog jejanganan supaya dadi lodeh.
-
Nggodog
wedang, tegese : nggodog banyu
kanggo gawe wedang.
-
Nguleg
sambel, tegese
: nguleg bumbu digawe sambel.
-
Mbakar sate,
tegese
: mbakar daging kanggo gawe sate.
-
Menek
krambil, tegese
: menek wet krambil.
2. Kerata Basa (Jarwa Dhosok)
Kerata basa yaiku tembung kang di gothak-gathokake
supaya cocok karo karepe utawa kahanane.
Tuladha :
-
Tuwa, tegese
: gampang metune nyawa.
-
Cengki,
tegese : kencenging piker.
-
Brekat,
tegese : mak brek yen diangkat.
-
Guru, tegese
: digugu lan ditiru.
-
Wanita,
tegese :wani ditata.
E. Pariwara /
Iklan
1. Pengertene pariwara / iklan
Pariwara / iklan yaiku sawijining pesen babagan barang
/ jasa (poduk) kang digawe dening produsen kang diandharake lumantar media
(cetak, audio, elektronik) utawa papan panggonan umum kang ditujukake marang
bebrayan agung. Ancase pariwara yaiku supaya masyarakat kesengsem gelem tuku
utawa nggunakake barang utawa jasa kasebut.
Ancas pariwara yaiku :
a. Menehi ngerti masyarakat.
b. Ngajak masyarakat supaya tuku utawa nggunakake produk
kasebut.
2. Perangan pariwara / iklan
Bab kang kudu digatekake nalika nggawe pariwara yaiku
:
a. Ukara cekak lan aos (singkat dan jelas).
b. Basa kang digunakake bisa dingerteni utawa ora
mbingungake (komunikatif).
c. Tulisan lan gambare narik kawigaten.
3. Unsur-unsur pariwara / iklan
Unsure iklan ing antarane kayata :
a. Jeneng barang / jasa kang ditawakake.
b. Alamat produsen.
c. Kahanan barang / jasa kang ditawakake, lsp.
BAB II
A. Sesorah / Tanggap Wacana
1. Pengertene sesorah
Sesorah
yaiku jlentrehna gagasan / ide pokok ing sangarepe wong akeh.
2. Tujuane sesorah
a.
Kanggo menehi
pengerten utawa kawruh.
b. Kanggo menehi kabar utawa informasi
marang wong liyo.
c.
Aweh
panglipur.
d. Mbujuk supaya melu apa kang
diandharake pamicara.
3. Metode sesorah
a.
Metode
naskah, yaiku metode kang digunakake kanggo sesorah resmi sing diwaca kanthi
langsung.
b. Metode apalan, yaiku naskah sing wis
dirancang sadurunge ora kanggo diwaca ananging diapalake.
c.
Metode
dadakan, yaiku metode kang ditindakake ndadak tanpa nggawe naskah ndisik.
d. Metode ekstemporan, yaiku sesorah
kanthi nggunakake cathetan cilik kang isine bab-bab sing dianggep penting
kanggo sesorah.
4. Bab wigati supaya anggone sesorah
bisa kaleksanan kanthi becik :
a.
Basa
b. Busan
c.
Wiramaning
swara
d. Solah bawa / sikap
5. Unsure-unsur sesorah
Unsure kang
ana ing sesorah yaiku 5W + 1H.
6. Perangan sesorah
a.
Salam
pambuka
b. Pambuka (purwaka basa)
- Atur pakurmatan
- Atur puja-puji
- Atur panuwun
c.
Isi (surasa
basa)
d. Panutup (wacana basa)
- Pangarep-arep
- Ngaturake luput
e.
Salam
panutup
7. Ciri – ciri wacana persuasif
a.
Mbudidaya
supaya sarujuk (satuju)
b. Proses supaya wong percaya lan bisa
nampa kang dikarepake penulis / celathu
c.
Tansah
ngendhani dredah
B. Cerita Rakyat
1. Pengertene cerita rakyat
Cerita
rakyat yaiku cerita kang ngembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka
asli karya kolektif (bebarengan) karo masyarakat ing papan iku. Cerita rakyat
ing tanah jawa iku akeh wujude, ing antarane : legenda, dongeng, mite, lsp.
Thuladha : Andhe – andhe Lumut, Nyai Rara Jonggrang, Bandunng Bandawasa, lsp.
2. Unsur cerita rakyat
a.
Tokoh
b. Alur
c.
Setting
d. Amanat / pesen
Jaka Tarub yaiku satiyang pemuda gagah ingkang nggadhahi
kesaktian. piyambakipun asring medal mlebet wana konjuk berburu ing kawasan
redi keramat. ing redi punika enten setunggal telagi. Tanpa sengaja,
piyambakipun ningali uga lajeng ningali pitu bidadari saweg adus ing telagi
kesebat.
amargi terpikat, Jaka Tarub mendhet selendang ingkang madya disampirkan gadhah klintu satiyang bidadari. nalika para bidadari rampung adus, piyambake sedaya dandos uga jagi wangsul datheng kahyangan. klintu satiyang bidadari, amargi mboten manggih selendangnya, mboten saged wangsul uga akhiripun dipuntilar kesah dening kawan-kawannya amargi dinten sampun beranjak
.amargi terpikat, Jaka Tarub mendhet selendang ingkang madya disampirkan gadhah klintu satiyang bidadari. nalika para bidadari rampung adus, piyambake sedaya dandos uga jagi wangsul datheng kahyangan. klintu satiyang bidadari, amargi mboten manggih selendangnya, mboten saged wangsul uga akhiripun dipuntilar kesah dening kawan-kawannya amargi dinten sampun beranjak
Jaka Tarub lajeng muncul uga ndamel-damel nulung. Bidadari ingkang nduwe nami Nawangwulan punika purun ndherek mantuk datheng griya Jaka Tarub amargi dinten sampun senja.
Singkat cerios, kekalihipun lajeng emah-emah. saking raben niki laira satiyang putri ingkang dipunnameni Nawangsih. sadereng emah-emah, Nawangwulan ngelingaken ing Jaka Tarub kajengipun mboten pisan-pisan narosaken wados kebiyasan badanipun mbenjing saksampune dados isteri. wados kesebat yaiku menawi Nawangwulan salajeng bethak ngginakaken namung sebutir uwos lebet panganak sekul nanging ngasilaken sekul ingkang kathah.
Jaka Tarub ingkang pamekenan mboten narosaken nanging lajeng mbikak tutup panganak sekul. akibat tindakan niki, kesaktian Nawangwulan ical. ket punika piyambakipun bethak kados umumnya estri biyasa.
Akibat hal niki, jagen gabah ing lumbung dados gelis telas. nalika jagen gabah tilar sekedhik, Nawangwulan manggih selendangnya, ingkang jebulna disembunyikan semahipun ing lebet lumbung.
Nawangwulan ingkang duka nyumerepi menawi semahipun ingkang sampun mandung benda kesebat mengancam mengker Jaka Tarub. Jaka Tarub mit semahipun konjuk mboten wangsul datheng kahyangan. nanging tekad Nawangwulan sampun bulat. namung kamawon, ing wanci-wanci tertentu piyambakipun rela datheng datheng marcapada konjuk nyesepani bayi Nawangsih.